17:34
1
 TEDHAK SITEN

Tedhak siten iku salah satunggaling upacara adat jawa kagem bocah umuripun 7 selapan utawa 245 dinten, nalika bocah iku wau nembe pisanan ajar mlaku. Selapan yaiku kombinasi 7 dinten ing kalender internasional lan 5 dinten ing kalender Jawa. Selapan iku pendhak 35 dinten pisan. Tedak siten asalipun saking rong tembung, ingkang sepindhah inggih punika "tedhak” utawi idhak, tegese mudhun lan “siten" saking tembung siti kang tegese bumi. Dadi Tedhak siten ndueni arti ngidhakake sikil ing lemah/pertiwi. Tedhak Siten ngambarake kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan ingkang bener ing mangsa ngarep. Upacara tedhak siten inggih nduweni teges cedakke manungsa kaliyan bumi. Awit nglakokake kauripan ingkang apik lan becik ing bumi punika lan tetep ngruwat lan njaga bumi. Punika kangge ngelingaken menawi bumi sampun maringaken kathah barang ingkang dipunbutuhaken kangge urip manungsa. Ing budaya jawa ana kapitayan masyarakat ngenani bab tedhak siten yaiku yen lemah iku ndueni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala, kanggo ngindari kadadeyan sing ora becik mula dianakake upacara tedhak siten.

Kaya dene upacara adat liyane tedhak siten ugi nggadahi piranti lan ubarampe, yaiku :
1.      Pengaron sing diisi kembang setaman
2.      Kurungan, kanggo nggambarake yen donyane anak isih sithik utawa ciut
3.      Werna-werna barang sing diselehake sajroning kurungan kang nggambarake suwene urip lan kawajibane manungsa nggolek nafkah, kayata:
a)      Pari sabengket
b)      Kapuk sabengket
c)      Piranti nulis
d)     Bokor kang diisi beras kuning
e)      Werna-werna jinis dhuwit
f)       Perhiasan
4.      Klasa sing isih anyar, kanggo lemek ning jeroning kurungan
5.      Udik-udik utawi duit logam dipuncampur kembang
6.      Tangga tebu "arjuna", yaiku tebu sing wernane ungu kang nggambarake undhak-undhakane urip sing arep dilakoni anak
7.      Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegese kanggo ngemutake anak yen urip kudu waspada saka godaan werna-werna
8.      Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagekake marang para tamu sing teka

Tata Caranipun upacara tedhak siten, yaiku :
                      Ingkang kapisan, bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidhak jadah 7 werna ingkang kagawe saking ketan. Werna wernane yaiku : abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng. Punika perlambang , bocah saged ngliwati tantangan ing uripipun. Lan urip iku ora gampang nanging kabéh alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.

      Ingkang kaping pindho, bocah dituntun munggah taangga ingkang kagawe saking wit tebu “arjuna” lajeng mudhun maneh. Tebu saking ukara “antebing kalbu” inggih tegesipun yaiku tekad ati ingkang mantep. Tebu “arjuna” nglambangaken supados bocah saged lelakon kaya Arjuna, ingkang nduweni watak satria lan nduweni tanggung jawab. Lelakonipun apik lan seneng tetulung , mbela kabeneran , lan bakti kaliyan Negara.

    Ketiga yaiku bocah dituntun kangge mlaku ing pasir. Bocah punika nyeker-nyeker pasir, ingkang nduweni tegese nggolek pangan. Karepe bocah saged nyukupi kaperluanne dhewe menawi sampun gedhe.

        Ingkang kaping sekawan, bocah dipunlebetaken dhateng kurungan ingkang digawe apik lan dilambari klasa, ing njerone wonten akeh bandha-bandha kaya pari sabengket, kapuk sabengket, Piranti nulis, bokor kang diisi beras kuning, werna-werna jinis dhuwit, lan sk jinising perhiasan. Kurungan nglambangaken donya , dadi dikarepke bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe saged kacukupan awit saking pakaryane ingkang sampun dipilih saking cilik.

          Ingkang kaping lima, bapak lan simbah bocah nyebar udik-udik utawi duit logam dipuncampur kembang. Karepe supaya si bocah nalika dewasa saged dadi bocah ingkang dermawan lan seneng tetulung. Amarga seneng menehi lan seneng tetulung, dheweke gampang nggolek rejeki.

    Ingkang kaping enem yaiku bocah wau diadusi ngangge banyu setaman ingkang sampun dicampur kembang-kembang (melathi, mawar, kenanga lan kanthil)

              Kapitu, ing pungkasan upacara, bocah didandani ngangem klambi resik lan apik. Karepe supaya si bocah nduweni dalan urip ingkang apik lan saged agawe seneng kaluwargane. Punika karepe ing uripipun, bocah punika saged arum jenenge lan saged ngarumaken jeneng kaluwargane.

Dene ancase tedhak siten, atur puji sukur marang gusti Allah, dene wis paring kekuatan sarta keslametan nganti bisa ngidak bumi lan saged urip mandiri. Lan bibar punika , para tamu saged ndhahar panganan ingkang wonten.



Kapetik saking:
1.      http://jv.wikipedia.org/wiki/Tedhak_sit%C3%A8n
2.      http://sihsusetyaningtyast.blogspot.com/2012/03/tedhak-siten.html




   Pencarian terkait :
   Tedhak siten dalam bahasa jawa
   Tedhak siten ngangge basa jawa
   Tedhak siten ndamel basa jawa
   Penjelasan Tedhak siten
   Tedhak siten dengan bahasa jawa
   

1 komentar: