16:17
0

Bersih desa
Bersih desa iku salahsijining upacara adat Jawa sing diselenggara'ake bubarpanen pari dadi maksude kanggo ngucapake syukur tandhuran pari brasil dipanen lan kasile apik.
Upacara adat iki kadhang uga diarani upacara
 mreti desa lan biasa digabung karo upacara adat sedekah bumi utawa mreti bumi.
Masing-masing dhaerah nduwe tata cara lan prosesi upacara sing seje-seje miturut kabiasaan masing-masing ning tujuane padha wae.

Sajarah

Ing jaman mbiyen upacara adat iki dikaitake karo Dewi Sri sing dianggep sebagai dewi pari merga kebrasilan panen iku kasil kemurahan saka Dewi Sri sing wajib disyukuri.

Tujuan

§  Kanggo ngucapake syukur marang Tuhan sing wis aweh anugrah kasilpanen pari sing melimpah
§  Kanggo njaga keslametan para warga desa saka gangguan hal-hal sing gaib,roh utawa arwah sing gentayangan uga saka gangguan-gangguan penyakit, keamanan lan bencana.
§  Kanggo ngresi'ake desa lan wargane saka alangan utawa kesusahan supaya kaadaan desa dadi tentrem lan aman.

 

Prosesi

Prosesi upacara umume diwiwiti bubar panenan pertama utawa methik, lokasi upacarane pertama neng pesawahan sing wis dilengkapi karo ubo rampeantarane: janur kuning, kembang setaman, kemenyan, kaca, suri, banyukendhi, jajan pasar, bungkusan sega lan gedhang. Bubar acara ndonga, pari sing wis dipetik digotong neng lumbung pari. Neng lumbung pari uga wis disiapake perangkat upacara lanjutane sing umume digawe saka godhongantarane godhong kluwih, dhadhap serep, godhong mojo, godhong tebu, godhong jati uga godhong luh. Masing-masing godhong iku nduwe fungsi lan makna.



thx bwt mas wiki(http://jv.wikipedia.org)

0 komentar:

Post a Comment